MATERI BASA JAWA – TEMBANG MACAPAT
TEMBANG MACAPAT
Karya sastra Jawa sing
minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe petuki
nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe
rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa
anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut
ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing
migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu.
Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa,
saben ayat macapat nduweni baris ukara sing kasebut gatra, lan saben
gatra nduweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan akhir saka suara
sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat,
yaiku maksude cara maca sing kajalin saben papat suku tembung.
Pangerten Macapat
Karya
sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa
awake dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing
kerep awake dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu
cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010:
12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud
geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo
paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.Puisi tradisional Jawa
utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik,
tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang
cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa
puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora
dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi
tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional
jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin,
aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké
jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa
Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak
dilirwakaké.
Aturan-aturan iku ana ing:
a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c. Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Timbulipun Sekar Macapat
Tembang
Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung
anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto
karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191
utawi 1269 masehi.
Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika
meh memper. Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru
lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa
Jawi tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar
Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma,
kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.
Macapat
kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn
rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna,
penafsiran liyané uga ana. Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna
liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis
(sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan
macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening
Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing
tegesé “nglagokaké nada kapapat”.Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh
maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.
Miturut ujaring kandha
maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan
diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga
istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki
disebut kanthi jeneng tembang gedhé.
Maca-ro klebu tipe tembang gedhé
yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara
kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi
padha lan diciptakaké déning Yogiswara.
Maca-tri utawa kategori sing
katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi
Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran
Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik
diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.
Gunggungipun tembang macapat
Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:
1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
Watak lan Gunane Tembang Macapat
Nama Sekar :Watak Ginanipun
Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa
Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pocung : sembrana, parikena, lucucangkriman, crita lucu, guyon
Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
WirangwongWibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhanJuru
demung : kenes (genit) mancing brahi
Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat
1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a
Macapat iki uga sinebut tembang
macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi.
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai
bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané
tembang kaya kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang Gambaraké
jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang
utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang
ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)Sanadyan wong tuwa (6 a)Yen duwe watek tan becik (8 i)Miwah tindak tan prayoga (8 a)
2. Mijil ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Lan
dimantep mring panggawe becik (10 i)Lawan wekas ing ngong (6 o)Aja
kurang, iya panrimané (10 é)Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)Ing
badan puniki (6 i)Wus pepancen ipun (6 u)
3. Sinom ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling
wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
Nulada
laku utama (8 a)Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)Wong Agung ing Ngeksi
Ganda (8 a)Panembahan senapati (8 i)Kepati amarsudi (7 i)Sudaning hawa
lan nepsu (8 u)Pinesu tapa brata (7 a)Tanapi ing siyang ratri (8
i)Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)
4. Kinanthi Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Dadiya
laku nireku (8 u)Cegah dhahar lawan guling (8 i)Lawan aja sukan sukan
(8 a)Anganggowa sawatawis (8 i)Ala wateke wong suko(8 o)Nyuda prayitna
ning batin(8i)
5. Asmarandana ateges rasa tresna, tresna marang
liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat
Ilahi.
Aja turu soré kaki (8 i)Ana Déwa nganglang jagad (8
a)Nyangking bokor kencanané (8 é)Isine donga tetulak (8 a)Sandhang
kelawan pangan (7 a)Yaiku bagéyanipun (8 u)wong melek sabar narima (8 a)
6.
Gambuh Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh /
sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni
rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Sekar
gambuh ping catur (7 u)Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)Tanpa
tutur katula-tula katali (12 u) Kadaluwarso katutur (8
u)Kapatuh pan dadi awon (8 o)
7. Dhandhanggula Nggambaraké uripé
wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan.
Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak
kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani
lagu ndandanggula.
Lamun sira anggeguru kaki (10 i)Amiliha manungsa
kang nyata (10 a)Ingkang becik martabate (8 é)Sarta kang wruh ing hukum
(7 u)Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)Sokur oleh wong tapa (7
a)Ingkang wus amungkur (6 u)Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)Iku pantes
sira guranana kaki (12 i)Sartane kawruhana (7 a)
8. Durma Saka
tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh
rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang
kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha –
padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak
sosialé manungsa.
Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12
a)Pancasonane dadi (7 i)Sirna tatu nira (6 a)Tung tumpulih sedaya (7
a)Nepak bau kradha angrik (8 i)Ndedel ngawiyat (5 a)Ngusir nanendra
peksi (7 i)
9. Pangkur Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha –
padha.
Sekar Pangkur kang winarna (8
a) lelabuhan kang kanggo wong aurip (11
i)ala lan becik puniku (8 u)prayoga kawruhana (7 a)adat waton puniku
dipun kadulu (12 u) miwa ingkang tatakrama (8
a)den kaesthi siyang ratri (8 i)
10. Megatruh Saka tembung megat roh
utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak
sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Na ra kena sinelak selak pineluk (12
u) Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)Yen loro anggepi
reku (8 u)Teman kether maring ngening (8 i)Adoh kae let tan adoh (8 o)
11. Pocung Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Ngelmu
iku kelakone kanthi laku (12 u)Lekase lawan kas (6 a)Tegese kas
nyantosani (8 i)setya budya pangekesing dur angkara (12 a)